DEWI DRUPADI
(Versi Jawa)
Dewi
Drupadi menika puteri sulung Prabu Drupada, Raja Cempalareja. Nami liyanipun
inggih punika Dewi Krisna, Dewi Yajnaseni lan Dewi Pancali. Dewi Drupadi duwe
kalih adik kandung, inggih menika Dewi Srikandi lan Arya Drestadyumna. Sosok
ipun Dewi Drupadi menika anggun, ayu lan duweni sifat rendah hati saha welas
asih. Dewi Drupadi inggih menika sosok wanita ingkang sanget cerdas ing politik
lan pemerintahan, mangerti hukum lan UU Ketatanegaraan.
Sakwise
Dewi Drupadi dewasa, Ramanipun Drupadi inggih punika Prabu Drupada nganakake
sayembara kanggo nggolekke jodoh marang Dewi Drupadi. Ing sayembara punika
diumumaken, sopo wae ingkang bisa ngalahake Patih Gandamana bakal dinikahaken
dening Dewi Drupadi. Yudhistira uga mlebu sayembara kasebut kanthi ngusulaken
Bima ugi dados jagoan/wakil Yudhistira. Bima uga bisa ngalahake Patih Gandamana
lan Dewi Drupadi uga nikah dening Yudhistira. Yudhistira lan Dewi Drupadi
duweni putra yaiku Pancawala/ Pancakumara.
Duryudhana
rumangsa iri marang Yudhistira ingkang duweni istana lan bandha kang akeh.
Ningali keponakane termenung, Sengkuni mrentah Duryudhana supaya ngundang
Yudhistira main dadu ugi bandha, istana, lan kerajaan ipun dados taruhane.
Duryudhana banjur hasut Drestarastra ugi
rama saking Duryudhana supaya ngizinaken main dadu dening Yudhistira. Yudhistira ingkang seneng main
dadu, ora nolak dipun undang kaliyan Duryudhana.
Yudhistira naruhaken bandha, istana lan
kerajaan sakwise dihasut kaliyan Duryudhana lan Sengkuni, banjur Yudhistira
kalah. Amargi wes raduweni napa-napa malih kanggo taruhan, banjur Yudhistira
naruhaken saudara kaliyan garwane inggih menika Dewi Drupadi. Akhiripun
Yudhistira kalah, lan Dewi Drupadi dadi kagungane Duryudhana.
Duryudhana
ingkang menang jaluk supaya Dewi Drupadi teka ing arena judi. Dewi Drupadi
ingkang nolak teka, diseret marang Dursusana ingkang mboten duweni rasa
kemanusiaan. Rambut ipun Dewi Drupadi ditarik tekan arena judi. Dursusana adik
saka Duryudhana ngrasa menang lan nyobo nglukari klambine Dewi Drupadi.
Dursusana nyoba nelanjangi Dewi Drupadi ing ngarepe wong akeh. Basudewa Khrisna
banjur teka, kanthi kekuwatane sehinggo busananipun Dewi Drupadi ora ucul
saking tubuh Dewi Drupadi. Kain sing ditarik paksa dening Dursusana seolah
mboten enek entek e tekan Dursusana kesel. Kanthi perasaan murka, Dewi Drupadi
sumpah yen ora arep nggelung lan kramas yen durung kramas nganggo getihe
Dursusana.
Akhiripun, sumpah iki bisa
kaleksanan ing Perang Baratayudha. Saat Bima kasil bunuh Dursusana, motong
lengen lan belah dada Dursusana supaya Dewi Drupadi bisa kramas ngaggo
getihipun Dursusana.
Sakwise Perang Barathayuda rampung. Dewi
Drupadi, dampingi Yudhistira selama 30 tahun, lan nglakoaken perjalanan menyang
Gunung Himalaya. Lan akhiripun meninggal ing kaki gunung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar