Senin, 26 Agustus 2019

Cerita Pedhalangan Drupadi


DEWI DRUPADI
(Versi Jawa)

            Dewi Drupadi menika puteri sulung Prabu Drupada, Raja Cempalareja. Nami liyanipun inggih punika Dewi Krisna, Dewi Yajnaseni lan Dewi Pancali. Dewi Drupadi duwe kalih adik kandung, inggih menika Dewi Srikandi lan Arya Drestadyumna. Sosok ipun Dewi Drupadi menika anggun, ayu lan duweni sifat rendah hati saha welas asih. Dewi Drupadi inggih menika sosok wanita ingkang sanget cerdas ing politik lan pemerintahan, mangerti hukum lan UU Ketatanegaraan.
            Sakwise Dewi Drupadi dewasa, Ramanipun Drupadi inggih punika Prabu Drupada nganakake sayembara kanggo nggolekke jodoh marang Dewi Drupadi. Ing sayembara punika diumumaken, sopo wae ingkang bisa ngalahake Patih Gandamana bakal dinikahaken dening Dewi Drupadi. Yudhistira uga mlebu sayembara kasebut kanthi ngusulaken Bima ugi dados jagoan/wakil Yudhistira. Bima uga bisa ngalahake Patih Gandamana lan Dewi Drupadi uga nikah dening Yudhistira. Yudhistira lan Dewi Drupadi duweni putra yaiku Pancawala/ Pancakumara.
            Duryudhana rumangsa iri marang Yudhistira ingkang duweni istana lan bandha kang akeh. Ningali keponakane termenung, Sengkuni mrentah Duryudhana supaya ngundang Yudhistira main dadu ugi bandha, istana, lan kerajaan ipun dados taruhane.
Duryudhana banjur hasut Drestarastra ugi rama saking Duryudhana supaya ngizinaken main dadu dening  Yudhistira. Yudhistira ingkang seneng main dadu, ora nolak dipun undang kaliyan Duryudhana.
             Yudhistira naruhaken bandha, istana lan kerajaan sakwise dihasut kaliyan Duryudhana lan Sengkuni, banjur Yudhistira kalah. Amargi wes raduweni napa-napa malih kanggo taruhan, banjur Yudhistira naruhaken saudara kaliyan garwane inggih menika Dewi Drupadi. Akhiripun Yudhistira kalah, lan Dewi Drupadi dadi kagungane Duryudhana.
            Duryudhana ingkang menang jaluk supaya Dewi Drupadi teka ing arena judi. Dewi Drupadi ingkang nolak teka, diseret marang Dursusana ingkang mboten duweni rasa kemanusiaan. Rambut ipun Dewi Drupadi ditarik tekan arena judi. Dursusana adik saka Duryudhana ngrasa menang lan nyobo nglukari klambine Dewi Drupadi. Dursusana nyoba nelanjangi Dewi Drupadi ing ngarepe wong akeh. Basudewa Khrisna banjur teka, kanthi kekuwatane sehinggo busananipun Dewi Drupadi ora ucul saking tubuh Dewi Drupadi. Kain sing ditarik paksa dening Dursusana seolah mboten enek entek e tekan Dursusana kesel. Kanthi perasaan murka, Dewi Drupadi sumpah yen ora arep nggelung lan kramas yen durung kramas nganggo getihe Dursusana.
Akhiripun, sumpah iki bisa kaleksanan ing Perang Baratayudha. Saat Bima kasil bunuh Dursusana, motong lengen lan belah dada Dursusana supaya Dewi Drupadi bisa kramas ngaggo getihipun Dursusana.
      Sakwise Perang Barathayuda rampung. Dewi Drupadi, dampingi Yudhistira selama 30 tahun, lan nglakoaken perjalanan menyang Gunung Himalaya. Lan akhiripun meninggal ing kaki gunung.